
Musyrik, Mitos Lan Kuno
Mbiyen, ning ngarepan omahe wong jowo, biasane ono gentong/padasan ning pojokan, knggo wisuh nek arep mlebu ngomah soko lelungan ngendi wae, ben sawan ndalan resik lan ilang…. Biyen…. Sedurunge wong jowo ngerti bakteri & virus, saben omah ws nglakoni, knggo njogo keslametane wong sak omah soko sawan2 ndalan kanti wisuh ning pojokan ngarep omah,,,, resik2 awak ben sawane ilang,,, dipojokne ben ilang karepe dewe,,, sak iki tradisi kuwi kok lagek mbok lakoni, sak wise mbok unekne kuwi mitos, kuwi musyrik & kuno…
Wisuhmu ning njero jeding, kamar mandi, ateges sawan2 ndalan mbok gowo mlebu ngomahmu,,,, lehmu ngrendahke lelakune wong jowo kang luhur, sak iki lagek mbok lakoni, mbok uri2,,,, mulo to mulo…. Mbok dinalar & ditakoni ndisek, kenopo lakon kuwi dilakoni. Takono ndisek ning wong akeh, sawan kuwi opo, trus dinalar dijupuk apike, ojo sak penakmu ndakwo kuwi musyrik, mitos, kuno. Nak ws ngene iki, kuwe lak yo nguntal idumu dewe jenenge, sing mbok ece, mbok rendahke, sak iki mbok lakoni dewe.